TUGAS
BAHASA JAWA
NAMA
:
DINDA PRISANDA AUGESTINA ( 07 )
ERHAM MUHAMMAD FARHAN ( 09 )
NUR FARIDAH ( 26 )
RAMA ISNANDA BACHRI ( 29 )
TANTI YULIANA (
34 )
KELAS
: X MIPA III
SMA
N 1 WONOSOBO
Crita lair
lan gugure karna
Dewi kunthi diwenei mantra marang resi druwa,
mantrai iki bisa ngundang dewa sing isih sela. mantra iki sekti mandra guna,
ananging ora kena dirapal sembarangan. Dewi kunthi pengin mbuktiake kesaktian
mantra kasebut, mula dewi kunthi ngrapal mantra kuwi.
Dewi
kunthi : “ syang hyang widi, song hyang
hyong ”
Bhatara
surya : “ ha ha ha, aku bhatara surya sang
penguasa srengenge. Duh cah ayu sapa
jenengmu? Ana urusan apa sliramu ngusik wektu selaku? ”
Dewi kunthi : ( kaget ) ” aku dewi kunthi, aku ora ana
urusan apa-apa, aku oleh mantra iki saka resi druwa. Aku namung pengen
mbuktiake kesaktiane mantra iki. “
Bhatara
surya : “ apa! Wani tenan kowe ngganggu
ketentramanku, kanggo konsekuensine kowe bakalan ngandung putra. ”
Dewi kunthi : “ apa? Aku emoh, ora sudi aku. ”
Bathara
surya : “ ora bisa! Wis kebacut. ”
Dewi kunthi banjur ngandung putra
tanpa bapak, lan jabang bayi kasebut ora lair lewat gua garba ananging lewat
kuping utawa karna. Mula banjur dijenengi karna. Lan kanggo njaga nama baike,
dewi kunthi mbuang karna ana ing bengawan gangga, banjur ditemuake marang kusir
adhirata lan diasuh.
Karna kepingin dadi prawira kerajaan,
mula sawijining dina karna nglamar merguru marang resi drona.
Karna : “ resi drona, aku pengen merguru
marang sliramu? ”
Resi drona : “ aku
ora bisa nampa kowe, kowe kan dudu saka golongan ksatria? ”
Karna : “ nanging aku
duweni tekad kang sepadan karo ksatria laine, lan kemampuanku uga ora kalah
karo ksatria laine. ”
Resi drona : “
ngapura, aku ora bisa. ”
Amarga ditolak marang resi drona,
karna banjur pingin merguru marang parasurama,supaya bisa diterima mula karna
nyamar dadi brahmana. Nganggo cara kuwi karna bisa diterima dadi muride
pasurama. Ananging ing sawijining dina …
parasurama : “ aku
ngantuk banget pingin turu, hawane sayah amarga wis latian kawit mau. ”
karna : “
mriki guru! panjenengan sare wonten
pangkuane kula mawon. ”
ujuk-ujuk
ana ketunggeng, lan ketunggeng kuwi nyokot wentise karna.
Karna : (
suara lirih ) “ aduh! Apa iki, aku kudu nahan lara iki. ”
Pasurama : ( wungu banjur
kaget ) “ apa iki? Ana rah ning wentismu brahmana? Kowe bisa nahan lara iki? ”
Karna : “
saged guru “
Pasurama : “
karna, aku saiki wis ngerti sapa kowe sebenere? Kowe mung nyamar dadi brahmana
ta? Karna, kowe wis ngapusi aku. Titenana sumpahku karna, nalika kowe
adep-adepan karo musuh kang paling kuat kowe bakal lali kabeh ngilmuku. ”
Karna uga di
kutuk marang brahmana, amarga karna nabrak sapine brahmana sing lagi nyebrang.
Kutukan kasebut yaiku nalika karna lagi perang ban keretane bakalan kependem
ana ing endhut.
Sawise iku, karna
bakal milu perang ngelawan arjuna, karna iku ana ing pihak kurawa. Ngerteni
karna iku wong kang sekti, indra khawatir yen arjuna bakalan kalah, mula indra
duwe siasat kanggo njukut klambi pusaka lan antinge karna. Sawijining dina
indra sing maune brahmana nyamar dadi rasi lan nekani karna.
Indra : “
nuwun sewu den, paringana kila sedekah. ”
Karna : “ arep
awujud apa sedekah kang kowe karepake? “
Indra : “ awujud klambi perang lan anting-anting ingkang
panjenengan agem kawit bayi den? ”
Karna : ( nyopot
klambi lan anting-antinge ) “ iki ta sing kowe karepake? Saiki aku sedekahke
marang kowe. ”
Indra : “ panjenengan wong kang dermawan, sakjane (
berubah ) aku iki indra. Aku trenyuh marang kedermawananmu, mula iki tak wenei
sakhti konta. Iki senjata kang sekti mandra guna, ananging sakhti konta iki
namung bisa digunakake sapisan tok. Sabanjure bakal musnah. ”
Ing perang
kang gedhe, karna dadi pedampinge drona nglawan gatotkaca. Drona kena panahe
gatotkaca , mula dheweke maksa karna kanggo nggunakake Shakti konta. Amarga
dipaksa karna banjur nggunakake senjata kuwi kanggo mateni gatotkaca. Akhire
gatotkaca tiwas lan senjata Shakti kontane musnah.
Ana ing
perang gedhe antarane pandhawa lan kurawa, karna kang saking pasukan kurawa
nglawan arjuna saking pasukan pandhawa. Lan ujuk-ujuk…
Karna : (
numpak kereta ) ” arjuna kowe bakal mati
ana ing tanganku. “
Arjuna : “
ha ha ha, akulah sing bakal mateni kowe, karna. ”
Nalika Arjuna manah nganggo panah Pasupati,
roda kretane karna nyungsep ing endut, banjur…
Karna : “ duh gusti, piye iki salah
sawijining kutukanku wis kawujud. Aku ra papa, aku kudu bisa nglawan arjuna. (
ngeling- ngeling mantra kang diwenei pasurama ) kepiye iki, aku lali kabeh
mantrane.”
Arjuna :
“ karna, iki bakal dadi wektu terakhirmu. ( karo narik panahe )”
Karna : “
mengko deset, arjuna mengko deset. ”
Ananging
arjuna tetep ngeculake panah pasupati mau, panah kui mancep ing gulune karna,
akhire karna tiwas ana ing tangane arjuna.
Comments
Post a Comment